[11/23, 09:20] +62 816-730-851: copas Sumarsisto
PITUTUR NGELMU SEPUH
Ngger anakku...
Sawangen kae dagelan jagat
Sing lagi rebutan dunya lan pangkat
Rumangsane wis paling kuat
Nganti lali yen dunya iki bakale kiamat
Ngger anakku...
Sawangen kae dagelan jagat
Padha lali ngrumat wasiat
Gaman aji kanggo dunya akhirat
Ngger anakku...
Sing kok sawang kae ojo ditiru
Rungokno lan elinga karo pesenku
Kanggo ugeman lakon uripmu
Ngger anakku...
Ayumu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur
Nanging songko resike atimu sing nampa pitutur luhur
Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna
Nanging jembare atimu sing koyo segara
Sing iso nampa pesthining kang maha kuwoso.
Ngger anakku,
Eling ta di eling-eling
Ojo nganti imanmu nggoling
Ngger anakku
Sekarat pati iku banget larane
Sebab nalika jaman uripe
Akeh dosane lali marang taubate
Ngumbar terus hawa nafsu lan murkane..
Sugeng dinten Rabu,
Sugeng makaryo ...
🙏🙏🙏